NASEHAT GURU



" Ora kabeh santri kudu dadi kiai, 

dadi o khoirunnas, anfa' linnas. "


 " Kudu dijogo Alqur'an  e, diwoco!, rumahmu kudu adem Sebab Alqur'an , ojo sampek mulang alqur'an rono rono, tapi rumahe dewe suwung soko Alqur'an. "


"Mulang o sing ora jaluk bayaran, ora ngarepne bayaran", Nasrul-ilmi. "


"Aku gak pinter, tapi semangat ku ilmu, hobiku ilmu, refreshing ku ilmu, nek duwe ilmu, gak usah bingung dadi opo, dadi opo, di openi ilmune - diragati ilmune , Bismilah, insyaallah gusti Alloh dewe sing ngangkat derajate "


"Neng endi ae kudu dijogo ke-santriane. Buah dari ilmu adalah Akhlaqul karimah, Aku yakin sampeaan kabeh wong apik, artine wong sing mesti ibadah,  sak repot repot e sampean. Mesti jek solat mesti jek atsar ibadah, "


" Zamane wes koyok ngene, pesenku nek nduwe anak, pondokno, golek pondok sing Ahlussunnah Waljamaah,  "


"Nek duwe murid, di ulang sing tenanan, ojo Ridho nek muridmu bodho, ojo Ridho nek muridmu seneng dunyo "


" Golek o barokah e guru,  sing sambung karo guru, didungakne, Aku tiap tahun mesti kabeh guruku tak sowani, sing wis kapundut tak ziarahi, ngalap barokahe guru, iso ku ngene iki sebab guruku, "


"Watsani - aula,  generasi kedua kudu lebih baik, saiki sampean apik, ojo bangga, kudu mikir generasi mu, kudu mikir anak mu "


KH. Anwar Mansyur

Lirboyo- Kediri 


Ditulis ulang sebagai pengingat. 

Pengarep ngarep barokah.

___✍✍✍Alfaqiir Ila Rahmatilah


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hujan

SECANGKIR ILMU FAHAM

Menulis dan Menulislah